SAMBUTAN WAKIL SHOKHIBUL HAJAH PADA ACARA TAHLILAN
Contoh Pidato Bahasa Jawa
السلام عليكم ورحمةالله وبر كا ته
اَلْحَمْدُلِلٰهِ رَبِّ الْعاَ لَمِیْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَلاَمُ عَلَی سَيْدِناَ مُحَمَّدٍوَعَلَی اَلِهِ وَ صَحْبِهِ اَجْمَعِیْنَ اما بعد
Dumateng poro bapak Ibu-ibu ingkang mulyo, Poro rawuh sedoyo ingkang kulo homati.
Sakderengipun kulo ngaturraken nopo ingkang dados beban kawulo, langkung rumiyen kulo muji syukur alhamdulillah hirobbil alamin, dene menopo wonten ing dalu puniko Allah sampun paring pinten-pinten rohmat, taufiq dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sahinggo kulo lan panjenengan saget makempal wonten ing puniko majelis, kanti keadaan wilujeng mboten wonten alangan punopo.
Kaping kalih ipun rohmad lan salam bahagia Allah, mugio dipun tetepaken dumateng junjungan kito, nabi Muhammad SAW. soho poro ahli keluarga lan poro shahabatipun.
Ingkang kaping tiganipun ing mriki kulo sebagai wakil saking bapak shohibul hajah ngaturaken sugeng rawuh soho matur nuwun sanget atas kerawuhan panjenengan sedoyo, ing mriki kulo aturaken : مَرْحَباًاَهْلًاوَسَهْلًابِحُضُوْرِكُمْ
Lan ing mriki kulo atas nami wakil saking bapak shohibul hajah, namung saget ndongaaken mugi-mugi atas kerawuhan panjenengan sedoyo dipun bales kalian Allah kanti balesan ingkang sak kathah-kathahipun.
Amin...
Poro rawuh ingkang kulo hormati, sebagai tujuan pokok kulo panjenengan dipun aturi rawuh wonten dalemipun bapak shahibul hajah niki wahu, mboten sanes kulo panjenengan dipun suwuni barokah do'a restu soho wahosan tahlil ingkang barokah lan ganjaranipun dipun tujuaken No. 1. Dumateng junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. No.2. Dumateng Simbah (ingkang sampun sedo) No.3. Mugio sageto mbarokahi dumateng kito sedoyo (lan lintu-lintunipun).
Poro rawuh, gegandengan wekdal sampun dalu, wonten ing mriki kulo mboten matur ingkang katah -katah, monggo acara wonten ing dalu punika inggal-inggal kito awiti, mengke pemaosan tahlilipu kulo suwun dipun imami kalian bapak Kiyai.....
Poro rawuh, namung mekatenlah ingkang saget kawulo aturaken sebagai muqodimah ugi wakil sohibul hajah, sedoyo kekirangan lan kelepatan saking arah nopo kemawon, kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun.
وبالله التوفیقوالهدایة
والسلام علیكم ورحمةالله وبركاته
